100% Jawa

Bèn mesisan bingungé, ing kalodhangan iki aku kepéngin nulis nganggo Basa Jawa. Sing ora kulina mesti waé rada gragapan, celilang celileng bingung karepé déwé, opo manèh anggonku nulis pating pecothot ora mbejaji blas.

Basa Jawa ngono luwih gampang pangucapé tinimbang nulisé. Yèn ora nastiti lan ngati-ati, bisa nerjang paugeran utawa grammar. Jaré guruku mbiyèn, nulis ukara ing Basa Jawa kudu dibédakaké endi sing kudu ditulis nganggo a, endi sing o. Carané nitèni, dicoba nganggo akhiran. Yèn uniné a, nulisé nganggo a, ananging yèn ditambah akhiran kok suarané o, nulisé ya nganggo o.

Babagan iki akèh sing ora nggatèkaké. Bojo loro béda tegesé karo bojo lara. Bojo loro tegesé bojoné 2, ananging yèn bojo lara tegesé bojoné mriyang utawa sumeng. Mangan soto tegesé mangan sejenis bakso, ananging yèn mangan sata tegese mangan mbako.

Iki tuladha sing aksarané beda, siji nganggo a lan sijiné nganggo o ananging uniné padha, persis kaya jeneng Doyok. Contoné : sanga (sembilan), kiwa (kiri), lara (sakit), maca (membaca), kutha (kota), lombok, katon (kelihatan), angon (menggembala), guyon (bercanda)

Kuwi mau lagi babagan o karo a. Sing luwih njlimet manèh yèn ketemu aksara d lan dh, t lan th , isih katambah manèh antarané e, è lan é.

Lha sing iki sijiné nganggo o, sijiné nganggo u, tapi yèn diwaca uniné padha. Carané maca kaya jeneng Polo. Contoné : pacul (cangkul), wadul (mengadu), kemul (selimut), ajur (hancur), kebo (kerbau), mengko (nanti), coro (kecoak)

Sing mbingungké manèh yèn tekan e, è lan é. Ananging amarga wis rumangsa kesel ngetik, aku ora sanggup njelasaké babagan iki. Driji rasané pegel kabèh. Ngapurané waé ya… 😀

Sak ukara Bahasa Indonesia, yèn ketemu Wong Jawa bisa dadi pirang2 istilah. Kata “membawa” wae ana maneka warna, kayata nyangking, ngindhit, nyunggi, ngempit, nggendhong lan mikul. Semono uga istilah “bau tak sedap” bisa dadi pirang2 ukara, kayata apeg, sengak, langu, badheg, sengur lan sak pituruté.

Wong Jawa uga sugih cangkriman. Cangkrimané lucu2, ana sing wujud lelagon, parikan, sanepa lan singkatan. Sega sakepel dirubung tinggi, Bapak Pucung, Burnas Kopen kuwi sapérangan tuladhané.

Namung semanten ingkang saged kawula aturaken, awit saking punika kula minangka jejering manungsa limrah tartamtu kathah kekiranganipun saha kekilapan labed budi dayaning manungsa kirang sampurna ingkang sarta kirang pana anggen kawula matur. Mawantu-wantu ngaturaken tebah siti sekul binuntel roning kalapa, apuranta mbok bilih wonten lepat kawula.

Mugi tansah pinanggih karaharjan, rahayu tebih saking rubéda nir ing sambékala. Nuwun…

52 thoughts on “100% Jawa

Comments are closed.